Rabu, 15 Januari 2020

BAB 5 Njaga Tentreming Urip Bebrayan

Novel yaiku crita ing prosa ing ukuran dawa lan lebar. Novel punika gambaran ing-ambane saka tema sing ditulis liwat crita wong urip karo wong sakubenge. Novel crita sing ngandhani aktor utawa karakter saka wektu enom / cilik, lan banjur tuwuh lawas. Crita gerakane saka siji pemandangan liyane, lan siji panggonan liyane karo wektu cukup dawa. Unsur paling penting ing novel punika konflik. Malah bisa ngandika sing novel punika seri saka sawetara saka konflik sing nggawe serep dalane crito. Novel macem biasane ngemot konflik ngageti utawa dadakan.


Karakteristik novel-novel sing paling penting minangka nderek:  


Duwe alur / plot Komplek. Ing acara saka novel dituduhake kang sesambungan supaya novel bisa wicara ingkang dawa, ngrembakaken masalah bisa cetha, lan ngetokake kang luwih penting.•


 Ing tema novel ora mung siji, nanging tema sampingan . Mulane, novelis bisa ngembangake meh kabeh babagan masalah kang bisa dimetokake. 


Tokoh / karakter ing novel bisa dadi akèh. Ing novel iki, penulis asring nguripake akèh karakter, saben kang diterangake ing lengkap lan utuh.


Unsur novel iki dipérang dadi loro, yaiku unsur unsur intrinsik lan extrinsic. Unsur intrinsik novel punika unsur sing langsung netepake novel lan ana ing novel. Sauntara kuwi, ing unsur extrinsic saka novel punika unsur sing njaba novel. Unsur extrinsic ora langsung bangunan novel 


Unsur intrinsik novel iku minangka nderek:


Tema: tema punika ide utawa gagasan ndasari novel dhasar.



Alur/plot: dalane ceritaa.




Raga: paraga lan panggonan sesambungan kanggo aktor ing novel.
 Sudut pandang: Ing ndeleng amba punika penulis cara novel marang crita utawa titik tampilan saka penulis ing nggawa crita kang. Sudut pandang bisa nggunakake wong pisanan, wong liya utawa wong katelu
Latar/setting: latar panggonan, suasana lan wektu crita ing novel.
 • Gaya Basa: gaya basa kanggo nggunakake basa dening penulis ing novel.
 • Mandat: Mandat pesen sing ana ing novel. Pesen punika umume Wedjangan moral didactic.
Kangge, unsur extrinsik ing novel punika minangka nderek:
 latar mburi novelis budaya
Pendidikan novelis
 Pengalaman novelis





Sumber :  http://finasiliyya.blogspot.com/2015/09/materi-novel-basa-jawa-pangerten.html?m=1

BAB 4 Ngawekani Akehe Informasi

Ing jaman kemajaun wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung ndewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik tegese. Ing jaman sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Salah sijine titikan iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa.






Ngrembug teks iklan 

           Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa ga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan radio. Dene unsur - unsure iklan antarane yaiku:


jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,

pihak utawa pawongan kang masang,

alamate sing masang,

kahanan serta mupangat barang utawa jasa kang ditawakake.




Basa teks iklan iku beda karo basa teks - teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:

migunake slogan,

ukarane persuasi utawa mbujuk wong liyo,

migunakake subjek wong kapisan.

Nulis teks iklan

     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu mggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:


sing dituju kudu cetha,

sing ngirim kudu cetha,

barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha,

narik kawigaten sing maca,

nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,

nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,

bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,

nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling - eling.

Cara nulis iklan

temokna ancase iklan (nawakake barang utawa asa)

gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur - unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan, utawa manfaat).

ngrembakake cengkorona dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan, uga narik kawigaten.

Nyuguhake teks iklan

Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucapane tembung kang rinakit ing teks iklan.

Swara sarta pangucapaning tembung kudu cetha lan trep.

Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.







Sumber : Yudhistira (Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA)

Selasa, 14 Januari 2020

Jawa


BAB 1   TONTONAN WAYANG

        Tontonan wayang kang padatan sinebut pagrlaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe serta sarana kang digunakake ing pagarang wayang kulit. Dene unsur manungsa yaiku paeongan kang nyrngkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang, penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing Jawa ora mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan, lan tayub. Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh, nanging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki. 



  • Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan

Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bis ngrembakake pangertene sing maca. Teks eksposisi bisa awujud:


  1.  Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake
  2. Sawinining alasisi utawa penafsiran objektif sawijining fakta. 
  3. Fakta ngenani pawongan kang godhelan kenceng marang sawijining keyakinan

  • Titikane teks eksposisi yaiku : 
  1. Ngandharake panemu utawa gagasan
  2. Nuduhake kahanan ana sanyatane
  3. Ngunakake analisis lan sintesis
  4. Sumber ide bisa saka prngalaman, sikao utawa keyakinan.
  • Stuktur Teks Eksposisi yaiku :
  1. Tesis
  2. Argumentasi
  3. Panutan utawa penegasanualang. 




BAB 2   KINANTHI



Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak-panduking pambudi,
Mbengkas kahardaning driya,
Supadya dadya utami.

A.  Pupuh Kinanthi ing serat wedhatama ngemot tembang cache 19 pada (bait). Sapada tembang Kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembunt utami.

B.  Guru gatra saben sapadane tembang KinanKin ada 6 gatra utawa larik.

C. Guru lagune temabang kinanthi yaiku: u, i, a, i, a, lan i.

D. Guru wilangane tembant Kinanthi iku: 8, 8, 8, 8, 8, lan 8

E. Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, lan 8i.




BAB 2 GAMELAN

 Gamelan iku mujudake piranti musik jawa padatan kanggo pangiring tembang.  Karape, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa-pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang jawa kang umume diarani gendhing.

 Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: bonang penerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender penerus, gender barung, demung, saron penerus, saron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, serta kendhang.

 Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging yen diunekke bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik.  Murih endahe irama, larase gamelan dibadakke dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.




Sumber: Yudistira ( Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA) (Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA)